FALSAFAH JAWA

FALSAFAH TIYANG JAWI
( Hermadi )

  1. FALSAFAH ( PANDANGAN HIDUP ) punika menawi dipun tegesi mawi pangertosan Jawi tegesipun kirang langkung “ Pandom panutan gambaraning ngagesang “.
  2. TIYANG JAWI ( ORANG JAWA ) punika tiyang ingkang mapan utawi asal saking tanah jawi, inggih punika wewengkon ingkang kala rumiyin kaiket dening pranatan lan kabudayan kraton ingkang mapan ing tanah Jawi.

Tiyang Jawi kawentar golonganing bebrayan agung ingkang nggadhahi falsafah lan unggah-ungguh ingkang alus lan jangkep. Sadaya tingkah laku saha tata basa mujudaken asil pangolahing kabudayan ingkang sampun sampurna. Pramila mboten klentu menawi kabudayan Jawi kondhang kanthi tetembungan “ Kabudayan ingkang Adi Luhung “ ( Kebudayaan yang indah, bermakna, terdepan, unggul dan terpuji ). Kebak ing tata krama, ingkang mawujud kanthi basa lan pakarti utama. Gegambaraning tingkah laku tandang tanduk kathah ingkang dipun warisaken turun tumurun kanthi awujud unen-unen, paribasan, bebasan, lan saloka.

Sesrawungan kaliyan tiyang Jawi mboten wonten ingkang mboten remen, Temtu kathah remenipun. Sebab tiyang Jawi punika kondhang pinter damel remen manahipun tiyang sanes. Wonten ing salebeting manah saged ugi mboten remen, nanging praupan, polatan, lan tata basa tetep dipun damel remen lan nyengsemaken. Ngadhepi tiyang sinten kemawon, senajan mboten remen kaliyan tiang kalawau, nanging tiyang jawi tetep saged ngadhepi kanthi ulat manis. Benten kaliyan golonganing masyarakat sanes, ingkang wantah punapa wontenipun. Menawi boten remen ugi dipun adhepi kanthi polatan suntrut, kosok wangsulipun menawi remen ugi dipun adhepi kanthi polatan manis. Nanging menawi tiyang jawi saged manjing “ ajur ajer “, liripun dipun ajak punapa kemawon purun senajan congkah kaliyan manahipun.

Gampil caranipun menawi badhe sesrawungan kaliyan tiyang Jawi. Nyinau bab pranataning ngagesang ugi gampil. Wulang wuruk ingkang awujud unen-unen lan sesanti tumrap tiyang jawi tansah dipun pepundi lan dipun ugemi. Pramila boten aneh menawi pakartinipun jumbuh kaliyan unen-unenipun.

Jagading pamulangan lan pitutur ingkang awujud unen-unen, Bebasan, Paribasan, Isbat lan Saloka, ngemot kawruh ingkah limpad ing babagan watak lan budi pakarti. Kados upaminipun wonten ing tetembungan :

  1. “Aja mung waton ngomong, nanging ngomonga nganggo waton“. (jangan asal bicara, tetapi bicaralah dengan alasan yang jelas).
  2. "Aja rumangsa bisa nanging bisaa rumangsa" (jangan merasa bisa, tapi bisalah merasa atau menggunakan perasaan).
  3. "Sepuh sepa, tuwa tuwas" ( tua hambar atau tidak memiliki rasa lagi atau orang tua yang sia-sia dan tidak berharga )
  4. "Bandha bisa lunga, pangkat bisa oncat, bojo ( ayu ) bisa melayu" ( harta dapat pergi, jabatan dapat hilang, istri cantik bisa pergi, yang bermakna segala apa yang dimiliki bisa hilang kapan saja).
  5. “Wani ngalah luhur wekasane“ ( Siapa yang mau mengalah nantinya akan mendapat kemenangan )
  6. “Aja nggege mangsa ndhisiki kersane sing gawe urip“ ( Tidak perlu menempuh jalan pintas, kalau tiba waktunya akan terlaksana juga, serahkan pada Allah SWT )
  7. “Sapa temen tinemu“ ( Siapa yang tekun mencari nanti akan mendapatkan )
  8. “Durung besus kaselak becus“ ( Belum belajar sudah berlagak merasa pandai )
  9. “Tuna sathak bathi sanak“ ( Rugi sedikit tidak mengapa asal dapat menambah persaudaraan )
  10. “Ing ngarsa asung tuladha, ing madya ambangun karsa, tut wuri handayani“ ( Jika didepan harus memberi contoh, jika ditengah harus memberi semangat, jika dibelakang harus memberi kekuatan atau dorongan )

Kirang langkung makaten kawruh sapala babagan “FALSAFAH TIYANG JAWI“ Pranyata Kabudayaan Nasional punika kathah ingkang dipun anggit saking adat istiadat lan “ Falsafah Tiyang Jawi “. Nuwun.